Kamis, 29 Maret 2012

Lima Serangkai VS Trio T


Awan kuwi panase ora ngidap-idapi. Nanging, Sandi, Zaki, Jimi, Gio, lan Joni sing padha lagi bali sekolah ora pathek ngrasakake, merga wis asik gegojegan. Pancen wis dadi kebiasaan bocah-bocah kelas 6 SD kuwi mangkat lan bali sekolah bareng. Ora mung kuwi wae, sinau lan dolan uga padha bebarengan. Mula, kanca-kanca liyane nyebut cah lima kuwi Lima Serangkai. Kekancanan Lima Serangkai kuwi wis kawiwitan saka kelas 1 SD.
Nanging, kekancanan Lima Serangkai kuwi trangane uga marai iri kanca-kancane, apa maneh Trio T, yaiku Tio, Tono, lan Tarto. Trio T ora seneng nek ana kanca-kancane urip tentrem. Mula, Trio T kerep ngganggoni lan ora wedi yen kudu ngadhepi guru BK.
Lan awan iku pas Lima Serangkai ngliwati omah kosong kang adoh saka omah liyane, Trio T nyegat Sandi lan kanca-kancane. Nanging, Lima Serangkai ora ngrasa kaget apa maneh wedi. Merga, lima lawan telu, arepa Tono awake lemu sak genthong.
“Hei, Sandi! Nek kowe lan kanca-kancamu nduwe nyali, tak tantang adu tarik tambang neng latar omah kosong kuwi,” tantang Tio.
Tantangane Tio iku malah nggawe Lima Serangkai ngguyu kemekelen. Batine cah lima kuwi kandha, “tenan ora iki ki? Hahaha....”. Merga ngrasa diremehke, Trio T kobongan jenggot. Mula, Tio kandha maneh karo nggetak-nggetak, “Nek ora wani kandha wae!”.
Banjur Sandi njawab karo isih ngampet ngguyu, “Iki ora masalah wani ora wani. Nanging, apa kowe lan kanca-kancamu wis mantep gawe keputusan?”. Lima Serangkai saya kemekelen lan Trio T jenggote wis entek. Tio saya ora trima.
“Maksudmu apa, he?” Trio T mureng.
“Ora piye-piye. Yo wis, tak trima tantanganmu,” jawabe Sandi karo noleh neng kanca-kancane sing wis padha setuju.
“Lha kapan?” Zaki ganti takon.
Tio wangsulan, “Mengko surup jam setengah enem. Sing kalah kudu mlebu neng omah kosong kuwi siji-siji, setuju?”.
Lima Serangkai padha musyawarah sedhilit. Banjur wis oleh keputusan, Sandi mangsuli, “Oke!”.
Trio T lunga dhisik, lan Lima Serangkai isih musyawarah kanggo adu tarik tambang mengko surup. Gio cubriya nek Trio T ngrencanakake rencana kang licik. Merga nek dilogika, ora mungkin Trio T menang lan mesti ora gelem kalah. Mula, Gio nyaranake kanca-kancane supaya ati-ati lan waspada karo gerak-gerike Trio T lan omah kosong uga sekitare.
Jam lima sore Lima Serangkai padha ngumpul neng ngomahe Jimi. Lima Serangkai paling seneng neng nggone Jimi. Nanging, ora merga Jimi kuwi anake wong sugih, ning kepribadiane kang apik lan uga deweke nduwe taman kang ana pendhopone sing isa kanggo sinau bareng.
Sakwise ngenteni seprapat jam, Lima Serangkai mangkat menyang omah kosong. Nanging, sakwise tekan kana, Trio T durung teka. Mula, Lima Serangkai ngenteni neng emperan omah kosong iku. Nanging, nganti jam enem, Trio T uga durung teka. Sandi lan Zaki uga wis ngubengi omah kosong iku, nanging tetep ora ketemu Trio T.
“Kayane awakedewe gur diapusi Tio and the geng neh!” kandhane Joni sing wis ndangkol.
“Sik...sik.... Lha mengko nek awakedewe wis bali gek Trio T lagi teka, mengko diloki pengecut?” Jimi mangsuli.
“Yo salahe Trio T, wong mau janjiane jam setengah enem. Lha sakiki wis jam piro horo?” Joni tambah ndangkole karo nduduhke jame.
Nanging, ujug-ujug “glodak....!!!” saka njero omah kosong iku. Lima Serangkai padha kaget.
“Apa kuwi?” pituture Lima Serangkai bareng. Nanging, suara kuwi ora marai Lima Serangkai wedi, nanging malah saya penasaran, apa maneh Jimi. Padahal, ana crita yen omah kuwi wis ora ana wonge merga sing nduwe kacilakan. Nanging, Jimi langsung nyedaki lawang. Banjur arep mbukak nanging dipenging kanca-kancane, “Aja, Jim!”. Nanging lawange wis kadhung kebukak.
“Hehe... Wis kadhung kebukak je. I’m sorry, don’t be afraid,” gaya bulene Jimi saka bapake kang wong Landa metu maneh. “Ayo mlebu!”.
Karepe kanca-kancane Jimi arep nututi deweke dijak metu. Nanging, ujug-ujug ana sing nyurung saka mburi. Lima Serangkai ndusur neng njero omah iku lan dikancing saka njaba. Lima Serangkai ngusahakake tetep tenang supaya isa mikirke dalan metune. Untung Gio nggawa korek gas sing ana lampune. Lima Serangkai banjur ndelok kahanan kang isa kanggo dalan metu.
Ora let suwe, Gio weroh cendhela kang ora pati dhuwur. Pas arep nyedaki candela iku, Jimi nyeluki kanca-kancane kanthi suara kang lirih. Mula, kabeh padha noleh neng Jimi, lan weroh deweke kumat asmane. Padahal deweke ora nggawa obate. Kabeh padha gidhuh lan cepet-cepet mbukak cendhelane. Sandi mlompat dhisik lan nampa Jimi saka njero. Sakwise padha metu kabeh, banjur mlaku menyang ndalan. Trangane, wongtuane Jimi lan Pak RT padha nggoleki. Jimi banjur dinei obat hirupe lan dibopong bali.
Ing dalan, Sandi lan liyane nyritakake kejadian mau lan sebabe ngapa padha ana omah kosong mau. Jimi kang wis rada pulih njaluk ngapura menyang wongtuane, merga deweke sing sembrana. Sandi, Zaki, Gio, lan Joni uga njaluk ngapura, merga ngejak Jimi dolan neng panggon kaya ngana. Banjur, wongtuane Jimi ngandhani nek kudu jujur lan ora sembrana. Merga, pamite Jimi lan kanca-kancane arep neng nggone Zaki. Lan pas wongtuane Jimi nggoleki Jimi neng nggone Zaki arep dijak lelungan, trangane ora ana. Banjur ketemu Pak RT kang weroh Jimi lan kanca-kancane menyang arah neng omah kosong.
Lan sik nyurung Lima Sekawan uga nggawe suara neng omah kosong, yaiku Trio T. Iku berdasarke bukti saka sandal kang nggo mbalang lemari lewat cendhela sing nggo metu Lima Serangkai ing ngomah kosong iku kanggo nggawe suara “glodak”. Merga, sakdurunge metu saka cendhela, Gio ngerti ana kaya sandale Tarto, nanging mung sing kiwa. Lan bukti liyane, yaiku Pak Hari kang weroh Tio, Tono, lan Tarto metu saka latare omah kosong surup-surup.
Banjur esuke, Trio T ngadhepi guru BK. Kanggo masalah iki, Trio T rada wedi, merga urusane karo nyawane uwong. Ing ruang BK iku, wis ana Lima Sekawan lan Pak Hari. Trio T banjur mbatin, “Entek riwayatku!”.
Trio T diskors 2 minggu. Nanging neng ngomah kudu nggawe sinopsis 6 buku. Trio T langsung lemes entuk vonis iku. Banjur, padha njaluk ngapura menyang Lima Sekawan. Trio T nyesel banget lan ora arep ngulangi maneh, merga isa gawe kacilakan wong liya lan deweke dewe.